Minggu, 11 Juli 2010

JANGKA JAYABAYA

niyatingsun arep maca jaman lelakon ing tanah jawa kene,kang gegayuhan kahanan salumahing jagad,manut kridaning bahwana.kang ingsun jangka barang lalakon sajroning jaman kang gde banget,jaman kang tinemu sajroning rong ewu satus candra manut petungan lakuning rembulan.(6).
saka 2100 taun iku kalebu jaman atusan taun kang wus kapungkur,wuwuh maneh jamanmbesuk,sapungkuringsun atusan taun kang bakal klakon.
rong ewu satus taun (1),iku ingsun perang dadi 3 jaman.(2).kang kawilang gedhe,siji siine jaman lawase pitung atus taun (3) candra.
wiwit ing jaman uripingsun ing sunyaruri,(4) nganti mbesuk wekasane jaman kapisan,nganti tekan 700 taun ing jaman kapindo,lan 700 taun maneh ing jaman kaping telu yaiku jaman pungkasan.umur umurane kraton jawa racak 100 taun.lire 100 taun iku alihane panggonan kaping telu kapetung soko jaman sunyaruri.utawa owah gingsir tatanan tanah jawa (5).dadi 700 taun iku kaperang maneh 7 jaman (7) sedheng utawa abad.
abad 100 taun iku perlu banget kanggo owah owahing bawana kang anjalari owahing kahanan jagad.marga manut primbon ilmu panglintangan,katon lintang kumukus,siji sijine saben 100 taun mung sapisan temu gelang.dadi dayane kang ngenani jagad kene 100 taun sapisan tumrap lintang kumukus siji sijine iku.lintang kumukus iku akeh,cahya utawa sorote beda beda,dayane cahya utawa sorote kang ngenani jagad iyo beda,mesti bae anjalari kahananing jagad iya banjur beda (8).
dene 100 taun isih aperang maneh dadi 3 perangan,manut umur umurane ratu jawa sasuwene jumeneng nata,aran jaman drajat ratu,suwen saben sadrajat ratu 33 taun candra luwih sahitik.dene 33taun iku uga aran aman cilik,jaman perangan saka abad,sanajan mangkono iih kaperang maneh dadi 3 jaman manut owah gingsiring kahanan,sasuwene ratu siji sijine jumeneng ratu.perangan mau 11 taun candra suwene.aran kali utawa kala.mbesuk yen wis tekan wekasaning jangkaningsun,wekasaning 2100 taun,taun dhek iku kang ingsun weca mung sajaman cilik.kang wekasane dewe 33 taun mau perangane 3,dadi mung 11 taun suwene,aran kakiyuga,kalisengara,lan kalabendu.
33 taun iku ratune aran herucakra jaman kali yuga aran satria kasampar kasandung,akeh wong katambuhan,asli saka katangga kapethak,akadhaton ing pudhaksinumpet.
ing jaman kaliyuga iku uga aran jaman kukila,wong wong padha pating salebar,ngalih panggonan,ngupaya panguripan lan golek pangayoman,dening kataman rubedan lan kasangsaran ,suwene 11 taun.liwat jaman kaliyuga nuli ngancik jaman kali sengara iya 1 taun suwene,ratune aran herucakrakatanggakacepit,dene munul saka alas katangga kacepit ngadaton ing pundak sategal.nalika iku wong wong padha pating bilulung tambuh tambuh kang di parani,ngalih panggonan nanging pada sepi,sebab para satia wes ilang prawirane,wong wadon ilang wirange,wong lanang ilang kuasane,gama tanpa daya,piwulang becik wis tanpa guna,sebab anane mung angkara para cidra kang didemani.kali ilang kedunge pasar ilang guwalang kumarane lan kumandange.papan werit lan pepunden ilang angkere,kraton ilang singere,negara ilang ngegrenge mung kabak sawangan kang melas asih ,kaliwate saka jaman kali sengara lawase taun,ing jaman kalabendu ratune aran heru cakra hasmara kingkin semune andamar wulan,akadaton ing kadiri,bayar 500 real seta dahare mung saka pametune tapak astane dewe,adus kringet ing dina dina tanpa kendhat.
jaman kalabendu dibukani gara gara bumi gonjing gunung ketuk,gara mulak malik,udan salah mangsa,kilat thathih liliwera,bandhang,sumber sumber padha sat,udan awor lahar,kali kali pacethak,lemah gingsir,kudhubge wong para duraka,polae kaya gadi interi,pating bilulung lali sanak kadang,bapa biyung lali anak,anak panglingt wong tuwane,kalabendu sabarang kang tinemu tansah ora enak kepenak,tetep jaman sikara,tukar padu cocongkrahan lan sedulure,padha rebut bener dewe.wekasan gara gara lamun gunung geni merapi kroda metu lahare,ditimbangi gunung geni liyane,oreging gunung slamut,semeru,brama kelut,lan gunung kendheng.ing kono wewatese jaman kalabendu.entek entekane heru cakra hasmara kingkin semune andamar wulan,tanah jawa ambane kari saiyubing payung,sebab bumine mingkup.
kiyamat kobra anah arep numpes tanah jawa saisine,sanajan seng i mong nrima,nanging sing momong ora arima,lan kudu arep ngentas saka naraka dunya kang sinandang dening herucakra katelu pisan.
mula banjur tekane babantu saka nusa tembini,kukulitane jenar,dedeg cebol kepalang,iku bakal ngebroki tanah jawa,pangrehe mung saumure jagung suwene nuli ditinggal mulih ing negarane dewe ing nusa tembini.tanah jawa bali mring bangsane dewe nanging sarana babanten.
tekan ing kono wis entek jangkaningsun,sajroning 2100 taun lawase,kaliwat saka semono dudu bagianingsun,ing tembe ono dewe kang due bagean koyo ingsun iki.
tutupe jangka lan ingsun aweh wasita :tebu sahuyun,ana wedhon saka alor kulon,akemul mori putih,ateken tebu wulung,wes batangen dewe wasitaningsun.(12)


sumber :kitab primbon QURAISYN ADAMMAKNA