Jumat, 29 April 2011

JANGKA JAYABAYA CATUR SABDA PETIKAN SERATAN TANGAN KANGGE SAMBETAN JANGKA TRIWIKRAMA (1)

1. jangka jayabaya, petikan seratan tangan



Pameca wontening jaman dahulu, tuwin rawuhipun ratu adil, panetep panatagama kalipatullah. Pamecanipun sang prabu jayabaya ing kadiri. Kulup ingsun mangsit marang sira, yen ing tembe tanah jawa wis kasingget-singget sak enggon-enggon, desa-desa wis sigar mrapat,pasar ilang kumarane, kali ilang kedhunge, kereta tanpa turangga, lan ana satriya teka kang putih kulite, saka kulon pinangkane, nuli ana agama tatakonan padha agama. Apa maneh dhayoh mbageake kang duwe omah, ana kebo nusu gudel, endah-endah cacahing gendhing sekar kaendran, sanalika iku wong jawa akeh kang tesmak bathok, sanajan mlorok ora delok, andheng-andheng dingklik, lah ing kono kulup, ora suwe bakal katon alat-alate kang minangka dadi cacaloning sang ratu adil panetep panata agama kalipatullah utusan kang ngemban dhawuhing allah, paribasane sumur marani timba, guru luru murid, prajurit ngunus pedang katresnan, nangeng wong-wong akeh kang padha mangkelake atine, nyumpelake kupinge, ngeremake matane, nangeng sapira anane wong kang melek, padha ngrungu lan padha anggarubyung tut wuri lakune cacala mau mesti slamet.

Nuli ana janget ingatelon, nalika iku, jawa kari separo, walanda kari loro, sadulur ilang kangene, wong lanang ninggal lanange wong wadon ilang wirenge, saenggon-enggon akeh ratu aapung gawane pating belasak, wong nonoman akeh kang dadi mantri bupati lan punggawane. Sajabane tanah jawi ana perang gedhe, saenggaon-enggon ana pailan, pageblug, rupa-rupa sangsarane, babaya warna-warna, wong-wong padha mangan watu, mangan wedhi, omben-omben peresan blontong, wong wadon akeh kang kulo endhonge dhewe, marga saka rusuhe, wong lanang wadon akeh kang kataman lelara bubrah paribasane jaman edan, yen ora ngedan samar yen ora keduman, mangkana wong kang ora duwe iman nanging piweling ingsun, di awas di eling, jejegna imanira, turuten gustinira ratu adil panetep panata gama. golekana gagamane sing nganti ketemu, turuten dalane, ngetut buriya saparane, lumebuawa oparibasaning wadya balane, ora suwe bakal katon tandha-tandhane rawuhing ratunira ngagem kamulyan gedhe, rawuhe liar kulit kairingake bala malaekat mayuta-yuta cacahe, ngadag payunge kuning, tegase bang-bang wetan karepe wus ndungkap paletheking pepadheng. Umbul-umbule alaras bandera pare anom, yaiku tandane pangeran pati, dene titihane jaran napas cumathine penjalin tinggal, jemparinge tekat suci kang mingsi-mingis pucuke, mubyar-mubyar pamore, kakedher kendhenge, membat-membat gandhewane, lang ilang nalika iku kulup kocapa ing kono banjur ana perang kang luwih gedhe, marga saka gedhene, gandarwa, thethekan, ilut-ilut, banaspati,sakehing iblis, jajalanat kabeh,padha buyar sar-saran padha ngungsi, saenggon-enggon mamangan wong padha ora sumurup marang ratu adil penetep panata gama.

Dalasan para lelembut ing tanah jawa kayata: wadyabalane sunah lawu, kanjeng lara kidul, para setan bekasakan ing alas roban iku satemene pinangkane saka mekah, kabeh mau bakal ketiban gagaman landheping pedhang sirolah temah padha asasaran. Solahe pating bilalung kaya gabah den interi, prelu padha ngungsi, lan padha lumebu ing wong kang ora pisan-pisan manembah marang allah. Mulane banjur ana pageblug gedhe, saka apese wong kang mulang sarak, wong lara esuk, sore mati, lara sore, esok mati, wong kasandhung banjar mati, cinakot tikus mati, cinakot semut mati, wahing gebres-gebres mati, gumuyu kepingkel-pingkel kelelen banjur mati, wong macul ing tegal krasa pegel boyoke, banjur ngulet uga kebanjur mati, temanten anyar lanang wadon lagi padha pepasihan kang lanang nuli mati.

Lah ing mangsa iku, wong jail bakal kethail, drengki srei ngemasi, wong duwe budi salah bakal seleh, nakal bakal ketriwal, wong bedhang di buwang, wong cidra kentas dening jemparinging tekad suci, temah bilahi kang kasebut pedhang sirollah, mesthi sirna tanpa lari, kang rawe-rawe rantas, malang-malang putung, nuli ing ngendi panggonana ana tontonan kang aneka warna, yaiku panjelmane jatine lelanat, sapa kang andeleng , bakal kapendhem, sapa kang kepencut bakal katulu dening lelembut , sing sapa seneng pamburine nemu peteng.

Tumuli ana banjir getih, sarah mayit, lumut brengos, ganggeng rambut. Ing nalika iku kulup, diawas dieling marang gustimu kang anyar katon, dimantep mangadhepira marang sang ratu adil panetep panata gama kalipatullah, awit lestari slamet,iya mung kawulane tatu mau, yaiku para wong dhomas, tegese para wong kang ambodo kaya emas.

Lah marga ing lelakon mau atas karsaning pangeran, kang kena ginawe tulak mung wong kang padha ngibadah marang allah, dene tumbale getih pitek putih lanang wadon jagoan, pambelehe ana sapucuing tumpeng, lan kebo bule kang di arak menyang alun-alun, pujine tan kena kendhat, dongane turun sih, mengkana kulup, patrap pangabdine wong dhomas, anggone nganti-anti rawuhe gustine sang ratu adil panetep panata gama.

Ora antara lawas tumuli rawuh sarta jumeneng angratoni jagad rating kono sawah sajung pajege mung sadinar dene panggaweyan negara bakal padha ora anan, awit wong akeh kaperdi sembahyang marang gusti allah bae,sarta memuji saben dina tanpa kendhat. Dene ingsun awanti –wanti, meling marang sira, golekana jumeneng ing sajroning sahadat kang mangkene; kang jumeneng roh ilapi kang ana telenging ati, kang minangka pancering urip, kang dadi wakiling allah, iya kui wewayangane nabi musa, kang ana ngawak tresna, iya ingsun wujud kang sampurna, etuking slamet aneng donya akhirat, iya ingsun datullah, iya rohollah iya ingsun, iya allah, loro adi siji, iya sarupa, iya sarasa, iya ingsun kang angon osiking ati, iyo ingsun amung wenang kang murba amisesa tan samar ing ngendi.

Lah iku timbuling buda wekasan, dene sinebut buda wiwitan iya iku ratu majapahit, iya timbuling buda wekasan iku paribasane bakal ana; sileme prau gabus, kumambanging watu item, mungguhing jumeneng nging sang ratu adil, aneng kraton katangga,pasare ana ing lurah binatu, iya herucakra (kerucakra), iya tunjung putih, iya pudhak sinumpet, jumeneng imam mahdi, iya kanjeng nabi isa rohollah.

Iku kang ambuka agama kang samar-samar nanging sira do awas den eling, awit sadurunge ratu adil rawuh, ing tanah jawa ana setan mindha manungsa rewa-rewa anggawa agama, dhudhukuh ana ing glasah wangi, dadine manungsa banjur padha salin tatane, satemah ana ilang papadhange, awit padha ninggal sarengate, dadi kapiran wiwit cilik mula.

Mulane wekas ingsun marang sira, sira kang ngati-ngati, krana gusti sang ratu adil, lagi tapa nungsang ana sapucuking gunung sarandhil, mung gagamane wae golekana kongsi ketemu, awit ing tembe bakal ana jumeneng ratu kang padha baguse, padha pangagemane lan iya padha paraupane, lah ing kono para wong-wong padha pakewuh pamulihane, satemah padha binggung, nangeng luih bejo wong kang wis mangerti kang dadi pangerane, mulane sira kulup, dipoma aja nganti lali marang tetengere sang ratu adil panetep panata gama. Dene sira yen wis katemu aja nganti sira katilapan, tutu buriya ing satindake lan embunan tumetesing banyu zam-zam, mesti slameta langgeng ing salawas-lawas mung iki piweling ingsun marang sira kulup, poma dan estokna.