Selasa, 04 Mei 2010

KIDUNG SUKSMAWEDHA

DANDHANGGULA


1.
ana kidung reke angartati
sapa weruh reke araningwang
duk ingsun ana ing ngare
miwah duk aneng gunung
ki samurta lan ki samurti
ngalih aran ping tiga
artadaya tengsun
araningsun duk jajaka
ki hartati mangke araningsun ngalih
sapa wruh araningwang


2.
sapa weruh kembang tepus kaki
sasat weruh reka artadaya
tunggil pancer sesantine
sapa wruh ing panuju
sasat weruh pagere wesi
rineksa wong sajagat
kang angidung iku
lamun dipun apalena
kidung iku den tutuk padha sawengi
adoh panggawe ala


3.
lawan rineksa dening hyang widi
sakarsane rineksa dening hyang
rineksa ing jalma kabeh
kang maca kang angrungu
kang anurut miyang animpeni
yen nora biso maca
simpenana iku
temah ayu kang sarira
yen linakon rineksa sasedyaneki
lan rineksa dening hyang


4.
kang sinedya rineksa hyang widi
kang kinarsan dumadakan kuna
tur sinihan pangerane
nadyan tan weruh iku
lamun nedya muja samadi
sasaji ing sagara
dadya ngumbareku
dumadi sarira tunggal
tunggal jadi swara awor ing hartati
aran sekar jempina


5.
samadine ingaran panjadi
milu urip lan milu pejah
tan pisah ing saparane
paripurna satuhu
anirmala waluyajati
kena ing kene kana
ing wusananipun
ajujuluk adisuksma
cahya ening jumeneng anenga hartati
anom tan kena tuwa


6.
panunggale kawula lan gusti
nila ening ening arane duk gesang
duk mati nila arane
lan suksma ngumbareku
ing asmara raga yekti
durung darbe pangarah
duk rarene iku
awyah bisa dedolan
aran sang hyang jati iya sang hartati
yeku sang hartadaya


7.
dadya wisa mangkya amartani
lamun marta atemahan wisa
marma hartadaya rane
duk lagya aneng gunung
ngalih asmarajati
wayah tumekeng tuwa
emut ibunipun
ni penjari lunga ngetan
ki hartati nurut gigiring marapi
anulya mring sundara

1 komentar: